Sekolah Nganggo Buku Fotokopinan

..::andum crita seka tosura::..

Sawijining dina Nanin anakku, (kelas 4 SDN Ngadirejo 4, Kartasura, Sukoharjo) njaluk duit. Jarene kanggo motokopi Buku Basa Inggeris. Banjur tak takoni, “Lho, apa kudu difotokopi?”

“Bukune mung siji, sing nganggo cah sak kelas, mula bu guru ndawuhi kabeh murid klas papat gentenan motokopi buku kuwi”, semaure Nanin.

“Oooooo…” aku ngrogoh kantong. Ya, ya, ya. nyoh limang ewu!…

enjoy-your-english

Aku njur mikir-mikir. Jan-jane piye to iki? Ora ana buku paket, malah murid kon fotokopi dhewe-dhewe. Aku ora nyalahke bu guru, malah salut merga wani nrajang paugeran [all right reserved]. Buku sing kudune ora entuk difotokopi tetep difotokopi merga mesakke karo murid-muride, merga pengin muride pinter najan sinau ana ing kahanan kang pas-pasan.

Nangendi ilange iklan SEKOLAH GRATIS BISA sing rikala rame-ramene Pilpres kae sregep sliwar-sliwer ning tipi?

SEKOLAH GRATIS ora bakal klakon nek pemerintah ora nduwe niyat becik kanggo rakyate. Aja mung nglelithung rakyat nek lagi butuh suwarane kanggo pemilu! Yen wani ngomong BISA ya kudhu BISA…

Piye miturut sedulur???

..::tulisan versi Basa Indonesia wes ditempel ning andy.web.id — gambar buku asli tanpa editan lan ana salah cetak, tulisan kabupaten ketulis kabupatn::..

This entry was posted in Pendidikan and tagged , , . Bookmark the permalink. Post a comment or leave a trackback: Trackback URL.

7 Comments

  1. Posted October 23, 2009 at 12:28 am | Permalink

    mbolak-mbalike mesthi akeh sing alesan “jer basuki mawa beya”…

  2. Posted October 23, 2009 at 1:26 am | Permalink

    ora mudheng blas

  3. Posted October 23, 2009 at 8:07 pm | Permalink

    mBambang Sudibyo gak dadi menteri, mulih omah arep ndaptar sekolah gratis. Sugeng ndalu om mBambang! Pun dibayar iklane?

  4. Posted October 23, 2009 at 9:17 pm | Permalink

    Sak ngertiku rumuse pemerintah sing tukang merintah kui malah bisa ndadekake rakyate tambah merintih lho mas.

  5. Posted October 26, 2009 at 6:57 pm | Permalink

    Hu`uh Mass aKU Yoo mampir gentiIi

  6. Posted January 12, 2010 at 1:48 pm | Permalink

    haduwh.. :(
    sangat memprihatinkan..
    gimana Kita mau maju kalo gini trus???

  7. arif
    Posted January 18, 2010 at 9:39 pm | Permalink

    gimana negera bisa maju bila generasi muda tidak di didik dengan baik????????????

Post a Comment

Your email is never published nor shared. Required fields are marked *

*
*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>